UPACARA ADAT JAWA

Posted: Desember 29, 2010 in materi bahasa jawa

Wètèngan (nèmbé mbobot)

1. Ngupat.

Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara’ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung “ngupat” asale saka tembung papat (4) utawa kupat. • Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni• Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhuren ngupati, kupat iki uga diserta’ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir• Makna, Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa.• Wektu, Upacara adat ngupat kudhu diselenggara’ake neng dina sing apik miturut etungan dina Jawa.

2. Ngliman.

Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggara’ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung “ngliman” asale saka tembung lima (5).• Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala. • Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal neng masyarakat Nusantara.

3. Mitoni.

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. • tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban. • Makna, Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. • Rangkeyan acara Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadling), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn. Acara siraman mung diselenggarakaké kanggo mitoni anak pisanan • Wektu, Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diselenggarakaké ing dina sing bener-bener apik yaiku dina Senèn awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi. Klairan

Bubar Lairan

4. Mendhem ari-ari.

Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol “pepadhang” kanggo bayi. Senthir iki dinyala’ake nganti 35 dina (selapan). • Tata cara Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo’ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo’ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi. • Sedulur papat Sedulur papat iku salah siji ajaran falsafah Jawa prakawis klairan menungsa. Miturut falsafah iki, saben wong Jawa iku nduwe papat sedulur yaiku: kakang kawah, adhi ari-ari, getih lan puser. Neng proses mbobot, janin iku dibekeli / dikancani 4 sedulur kanggo nyukupi kabutuhane. Miturut pemahaman Jawa, 4 sedulur iku urip kabeh neng proses mbobot utawa nduwe roh. Wektu proses klairan, 4 sedulur iku mati ning roh 4 sedulur iku tetep urip lan nerusake mbantu uripe bayi nganti bayi iku seda maneh yen wis tua mengko.

5. Brokohan.

Brokohan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet. Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku “barokah” sing maknane ngarepake berkah. • Tujuan, Upacara brokohan tujuane kanggo keslametan proses kelairan uga perlindungan kanggo bayi lan kanggo harapan bayi sing lair isa dadi bocah sing apik perilakune. • Rangkeyan upacara Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing dilanjutake bagi-bagi sesajen brokohan kanggo sedulur lan tangga.

6. Sepasaran

Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah. Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar. Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.

7. Selapanan

Selapanan iku dilakuke nalika bocah umur pitung pasaran yaiku 35 dina sakwise kelairane bayi Rangkeyan acara Nyukur rambut. Dilakuke dening bapak lan ibu. Banjur dening sesepuh utawi mbah. Rambut bayi dicukur kabeh. Upacara adat iki dilakoke sakwise solat magrib. Bocah

8. Tedhak siten

Tedhak siten iku salahsiji upacara adat kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki neng dhaerah liya neng Nusantara uga ana misale sing diarani upacara injak tanah neng dhaerah Jakarta (suku Betawi} utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah. Tedhak siten iku asale saka tembung tedhak utawa idhak lan siten (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wongtua lan diselenggara’ake yen umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245). Urutan prosesi • Tedhak sega pitung warna • Mudhun tangga tebu • Ceker-ceker • Kurungan • Sebar udik-udik • Siraman

9. Tinggelan/ ulang tahun

10. Sunatan Jaka & Prawan

11. Pangantènan

Pangantènan iku sawijining acara ing ngendi sawijining pasangan iku janji bakal manunggal. seda

11. Surtanah

Surtanah utawa bedhah bumi iku upacara sing diselenggaraake sak bubare acara nyarèkaké layon (jenazah). • Tujuané kanggo ngirim donga supaya arwah utawa roh wong kang séda iku éntuk pangapura déning Ingkang Maha Kuwasa. • Inti acara surtanah lan upacara adat kesripahan liyane yaiku ndedonga, utamane sing ndonga yaiku anak-anake sing seda, sanak kadang, kanca, tangga teparo, utawa sapa wae sing gelem melu ndonga. Ora ana acara kendhurèn, yèn ana pasugatan sing disuguhaké iku mung sak anané. Bisa uga yèn kulawarga sing kesripahan pengin sodaqoh upamané nggawé panganan sing rada akèh utawa nyiapaké bèsèk kanggo diaturake sing pada rawuh, nanging bab besekan iku mau ora wajib. Sing apik lan dianjuraké malah wong liya (tangga, kanca lan liyané) nggawa bantuan kanggo kaluwarga sing kesripahan. Nelung dina, Pitung dina, Patangpuluh dina, Nyatus dina, lan Nyèwu.

Mbiyen kuwi ana pemuda sing jenenge Pangeran Agiyana. Ana ing sakwijining dina dheweke lunga karo mbakyune kanggo nglaksanaake ibadah haji ana ing mekah. Sakwise pirang wulan mlaku wong loro kuwe tekan Cirebon. Neng kono wong loro kuwe ditampa neng Kanjeng Sultan Cirebon. Pirang dina sakwise, mbakyune Pangeran Agiyana didadekake bojone Kanjeng Sultan.
Nalika Sultan mlebu ana ing kamare, mbakyune Pangeran Agiyana kuwi kaget nalika weruh Kanjeng Sultan nembe mabok. Saka peristiwa kuwe, dheweke milih dadi randa tinimbang duwe bojo seneng mabok. Banjur dheweke karo Pangeran Agiyana kuwe minggat saka Cirebon. Kanjeng Sultan banjur mrentah prajurite kanggo mateni wong loro mau. Pangeran Agiyana nglewati alas supaya ora bisa kecekel prajurit Cirebon. nanging neng alas wong loro mau ketemu karo prajurit Cirebon. Pangeran Agiyana gelut karo prajuri-prajurit mau, banjur menang nanging awake pada lara kabeh nganthi pada gudigen. Gara- gara kuwe prajurit nganthi ora bisa ngenali maning. Banjur Pangeran Agiyana tekan neng desa pekiringan lan ditulungi Pangeran Wali Perkosa sing nduwe pondok pesantren. Pangeran Agiyana banjur dadi muride Pangeran Wali Prakosa.
Ana ing sakwijining bengi dheweke turu bareng- bareng karo santri- santri liyane neng surau. Wektu Pangeran Wali Perkosa arep solat tahajud, dheweke kaget nalika weruh geni ana ing salah siji santrine banjur langsung nyewek sarung sing dinggo santri mau. Esuke santri- santri pada dikumpulke kabeh. Dheweke pengin weruh sapa sing sarunge sewek. Jebule sing sarunge sewek kuwe Pangeran Agiyana. Saka kedadeyan kuwe, Pangeran Wali Perkosa ngewehi jeneng Pangeran Mahdum Cahyana.

NO TATA BAHASA BAKU BAHASA JAWA PEDOMAN EJAAN BAHASA INDONESIA
1. 

2.

3.

4.

5.

 

Vokal [e] mempunyai tiga varian bunyi yaitu: [è], [é], dan [ê]. 

Terdapat gabungan huruf konsonan [dh] dan [th].

Mempunyai empat ragam bahasa yaitu ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, dan krama inggil.

Pemenggalan kata dua huruf konsonan yang melambangkan sebuah fonem pemenggalannya sebelum atau sesudah gabungan huruf konsonan.

Pada ragam ngoko memiliki varian yang disebut dialek.

Hanya memiliki satu bentuk vokal [e] 

Tidak ada gabungan huruf konsonan [dh] dan [th].

Tidak mempunyai ragam bahasa.

Pemenggalan kata dua huruf konsonan yang berurutan dilakukan diantara kedua huruf konsonan itu, kecuali [ng]

dan [ny].

Bersifat nasional.

Hello world!

Posted: Desember 26, 2010 in Uncategorized

Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!